Berikut ini adalah naskah (sinopsis/dialog) kesenian ketoprak bergaya Tulungagungan (Jawa Timur) dengan judul "Jayeng Kusuma Krida"
ADEGAN I : KADIPATEN
Pemain :
- Bupati
- Hazeu
- Hany
- Jayeng
- Bagus Priyadi
- Sri Karti
Bupati : Tuan Hany, Jayeng, Bagus Pribadi, Sri Karti, lereno sawetara. Aku bakal supejagong. Karo tuan Hazeu utusan saka Hindia Belanda. Tuan Hazeu, aku wis maca nawala saka Hindia Belanda. Kuwi ngenani owah-owahan politik sing kepiye?
Hazeu : Kanjeng Bupati perlu anda tahu bahwa politik etis itu adalah politik balas budi, dimana pemerintah Belanda akan memberi etika baik pada warga pribumi di Nusantara ini. Penduduk yang belum mempunyai pekerjaan akan dipindah di suatu tempat untuk bercocok tanam di daerah luar Jawa sini / atau transmigration. Penduduk juga diberi pendidikan yang lebih tinggi. Jadi pendidikan tidak hanya dapat dirasakan oleh kaum bangsawan, juga akan dibangun gedung sekolah NIKO, HIS, HBS, FOX SCOLEND.
Hany : Sebentar-sebentar tuan Hazeu, maaf tuan Bupati. Kalau orang-orang pribumi semua itu bisa pandai, nanti pasti akan memberontak pemerintahan Hindia Belanda dan kedudukan tuan Bupati pasti akan diganti orang lain.
Hazeu : Memang . . . tidak menutup kemungkinan bisa terjadi hal itu. Sebab disisi lain, negara Belanda juga bersaing ketat dengan negara-negara Eropa lainnya. Bahkan sudah banyak yang bisa menemukan adanya mesing kapal atom, bahan kimia, juga listrik.
Hany : Saya tetap tidak setuju . . . dengan adanya politik etis / balas budi.
Hazeu : Cukup ! Saya tidak peduli, karena kedatangan saya di bumi Nusantara mendapat tugas pemerintah pusat Hindia Belanda sebagai bukti saya membawa surat yang sudah dirapatkan oleh parlemen Hindia Belanda.
Hany : (Tertawa) Ha ... ha... ha... Parlemen apa ?
Hazeu : Tuan Hany . . . jaga mulutmu ! Apa ingin aku tembak kepalamu?
Hany : Aku tidak takut !
Bupati : Cukup... cukup... ! Tuan Hazeu, aku wis mangerteni sakabehing kandamu, nanging rampungna luwih disik perkara iki karo bangsamu.
Hazeu / Hany : Saya minta maaf, kalau begitu saya mohon pamit.
(Hazeu / Hany meninggalkan pasewakan)
Jayeng : Kanjeng Bupati, sisan damel kula nyuwun pamit, badhe nanjihaken kawontenan ing Ngujang. Awit warta ingkang kula tampi kathah tiyang pribumi pejah salebetipun kerja paksa.
Bupati : Yo... yo... tak pangestoni kepara sing ati-ati. Mumpung Landa karo Landa pada tukar padu. Klumpukno kanca-kacamu kanggo nyusun kekuatan ngusir bangsa Walanda.
ADEGAN II : KERJA PAKSA NGUJANG
Pemain :
- Ondance
- Bagus Priyadi
- Jayeng Kusuma
- Sri Karti
Ondance : Wow.... ternyata kamu yang mempengaruhi pekerja-pekerja pribumi sampai tidak mau bekerja.
Bagus P. : Ora ndak selaki, pancen aku Ondance. Awit aku ora sarujuk bangsa Walanda cecikku ana bumi nusantara.
Ondance : Kalau begitu kamu harus mati (Ondance menembak Bagus Priadi, lalu datanglah Jayeng Kusuma).
Jayeng : Bagus Priadi . . . Sumingkira . . . Tak rampungane perkara iki.
He...! Ondance, dudu Bagus Priadi musuhmu, nanging aku Jayeng Kusuma.
Ondance : Wow... Bagus kalau begitu (Ondance menembak Jayeng, tetapi karena kesaktiannya Jayeng Kusuma tetap berdiri).
Jayeng : Ondance, pusaka sing ampuh ora awujud bedil / keris, nanging pusaka sing ampuh kuwi manunggaling kawula gusti. (Jayeng membunuh Ondance, lalu pergi dengan Bagus & Sri K.)
ADEGAN III : STRAT DAGELAN
Pemain :
- Lawak 2 orang
- Bagus Priyadi
“ L A W A K A N ”
Dialog :
(Datangnya Bagus Priadi)
Bagus Priadi : Aja mung seneng-seneng wae, ngertenana yen ing dina iki Eyang Jayeng Kusuma, sakwise mateni sersan Ondance ing Ngujang kae, dicekel para bangsa Walanda terus diselong ing Demuk. Mula, aku lan kowe bakal nderekake Bapa Jayeng.
Pelawak : Mangga . . . mangga . . . Gus ...
ADEGAN IV : PASELONGAN OMAH DESA (DEMUK)
Pemain :
- Jayeng Kusuma
- Bolang
- Bagus Priadi
- Sri Karti
Dialog :
Jayeng : Yayi, sing gede pangapurane, aku ora isa nyenengake atimu, sebab iki ana sajroning paukuman ing laladan Demuk
Garwo : Nuwun sewu Kangmas Jayeng . . . Rekaos kados menapa jer menika dilampahi sesarengan, dadosaken remening penggalih kula.
Bolang : Nyuwun sewu adi Jayeng, Keparenga kula matur. Sak gugure kakang Kasan mukmin aja mung cukup kendel. Ayo diwiwiti ngusir bansa Walanda.
Bagus Priadi : Leres ngendikanipun ndara wedono Bolang. Kamardikan menika mboten kenging dipun jaluk lan tinumbas arta, nanging kedah dipun tebus kanti tetese getih kang pungkasan.
Jayeng K. : Mengko disik kakang Bolang lang Bagus Priadi . . . Bangsa Walanda kuwi sawijine bangsa kang gedhe. Mula, ngusir bangsa Walanda ora mung ngendelake atosing balung, kandele kulit, lan depe Bedomo. Nanging sing baku kudu nduweni rasa manunggal, nggedekake rasa kebangsaane, rumangsa melu andarbeni negara dimen ora diadu domba dening Walanda. Awit, adu domba sawijine gaman sing ampuh kanggo ngringkihake bangsane dewe.
Bolang : Yo. . . yo . . . Di, Aku ngerti apa sing mbok karepake.
Jayeng : Yen ngono Kakang, ayo padha lerem sawetara ngenteni dino sing apik.
ADEGAN V : SEKOLAHAN
Pemain :
- Laura
- Dagelan 2
- Cewek, pribumi
- Bagus Priyadi
- Jayeng
- Bupati (komplit)
Dialog :
Laura : Bagaimana teman-teman, kalau kita mulai belajar bahasa Belanda ?
(Semua) : Ya . . . ya . . .
Laura : Sekarang dimulai dengan selamat pagi. Kalau bahasa Belandanya,
(Semua) : Heluth morgen
Laura : Selamat siang,
(Semua) : Heluth medah
Laura : Selamat malam,
(Semua) :
Laura : Kalau orang Belanda mati, bahasa Belandanya,
(Semua) :
(Lalu . . . tiba-tiba datang bagus pribadi dengan marah kepada Sri Karti)
Bagus Pribadi : Sri Karti, yen ngono ora jumbuh omonganmu rikala ing ngarep kowe lan aku pengin ngusir bangsa Walanda, nanging malah kowe sak iki bareng karo nonik-nonik Landa.
Sri Karti : Kakang, aja kliru tampa. Aku neng kene ngangsu kaweruh dimen pinter lan kena kanggo gaman besuke.
Bagus Pribadi : Aku ora percaya. Yen perlu Laura ndak patenane.
Sri Karti : Aja Kakang. Yen kowe mateni Laura, luwih becik aku patenana.
Bagus Pribadi : Ora . . . Laura sing kudu tak peteni.
(Datanglah Jayeng Kusuma, Bupati komplit)
Bupati : Jayeng Kusuma, ana kedadeyan sing kurang prayoga, mula enggal rampungno.
Jayeng K. : Inggih kanjeng Bupati. Bagus Pribadi aja pada bentak sirah sak kancamu, awit isih ana pakaryan sing kudu mbok rampungake.
Bagus Pribadi : Perkawis menapa Bapa ?
Jayeng : Wiwit sak iki kowe lan Sri Karti tata-tata. Ora sawetara suwe maneh kowe bakal ndak utus nekani sarasehan agung ing Ngayogyakarta.
Sampun kanjeng Bupati.
Bupati : Jayeng Kusuma lan kabeh wae, ayo sakabehing kaluputan iki, kapendema ing bumi pangapura kanti sesanti, sepisan “
Comments
Post a Comment