Skip to main content

Naskah (Sinopsis/Dialog) Ketoprak Tulungagungan Judul "Ampak-ampak Prabu Dandang Gendis"

Jika berbicara tentang kesenian tradisional ketoprak, kabupaten Tulungagung, Jawa Timur, merupakan salah satu gudangnya. Nah, berikut ini adalah sebuah naskah (sinopsis/dialog) ketoprak Tulungagungan dengan judul "Ampak-ampak Prabu Dandang Gendis".

1.  Adegan Alas
Prb. Dandang Gendis : He, Dandang Gendis. Yen kaya ngono ora jumbuh karo kekondanganmu. Ora jumbuh karo kalokaning asmamu dadi ratu. Dandang Gendis telaku ing papan kene aku wis pinaringan pedang panguasa supaya bedh Prabu Kediri. Nyraket kowe ora mung kuwi, kawedanun lampit bungkap kimpul sungken manembah marang ratu Rustiku. Sang dhuwur ken Arok ing Singosari. Yo kowe Dandang Gendis sejatine wisun, wisun keng sejati. Manto Dandang Gendis tak rangket tak sowanake ing Singosari.
Salah Satu Adegan Ketoprak Tulungagungan

-------------------------------------------------

2.  Adegan Pasewakan
Prajurit Kdr    : Sinuwun wonten menapa Panjenengan paring parintah prajurit kedah mundur..?
Raja         : (Manthuk-manthuk …trus geleng-geleng..)
Senopati Yudhopraja: Sinuwun kepareng nyambet aturipun Jogo Suro.
                    Jogo Suro..!! Waspadakna…!! Iki perang gedhe kang bebayani mungguhing kawibawan Sang Prabu lan njejeke Kraton Kediri.
                    Menawi saking pamanggih kula, perang ing Kediri ngantos prajurit kawon.

                    Mugi menawi kepareng, kula padosa biantu kagem jagi kawibawan sang Prabu lan jejeking Kraton Kediri saget dipunkukuhi.
Prameswari : Kepareng matur Sang Prabu. Sedaya menika leres aturipun Wuyopraja.
                    Duh sinuwun prabu, mangga kula aturi menggalih. Sejatosipun wonten ingkang langkung wigatos sanget kathah kawula dalem sami mlajeng rit lampit brungkat rimpul ngungsi lan manungkul ing Brang Wetan.
Raja         : Ngungsi ing Brang Wetan ??? (Kaget)
Prameswari : Kasinggihan sinuwun, mboten namun menika, kula nampi palapuran pambengoke prajurit ing Kediri bilih sinten lan kawula sejatine titising wisnu kang sejati.
Raja         : Wisnu kang sejati ? Yayi, apa aku kudu perang nganti mati ? Apa aku kudu golek jago kang sakti ? Apa para kawula kang wani nyebrang ing brang wetan kudu tak tumpes supaya kawulaku ngerti lan percaya. Sejatine ingsun wisnu kang sejati, kamangka aku kudu bisa ngayomi kawulaku, yogene malah tak tumpes kelor. Aku kudu kepiye Yayi….??

Prameswari : Duh. .. sinuwun, kenging menapa wonten lelampahan mekaten ing praja Kediri (merangkul di kaki raja)
Raja         : Duh gusti kang murbeng jagad.

KENTONGAN SANTAK
(Datangnya wasit)
                    Heee…. Ratu Dandang Gendis, kowe kudu bisa njaga kawibawan lan pranatan kang agung ing Kediri lan kudu bisa ngayomi marang kawulamu kabeh, mula kowe kudu pinter lang wicaksana ngerti marang sasmitane lakon rama nitis lan makuta roma. Mula golekana bocah ndesa kang wegig lan wicaksana ing bumi Wajak sak kulone tlaga mburet…. Wis tindakna…. Tindakna….
Raja         : Bocah ndeso Wajak.

KENTONGAN SANTAK
Prameswari: Wajak…!!!!
Senopati  Yudhoyono : Sinuwun, Njenengan ngendika bocan ndeso Wajak ingkang kados pundi? Leres dawuhipun gusti Prameswari.
                    Wonten menapa sinuwun?
Raja         : Wis….wis…. aja kesuwen ayo nderekno aku tumuju ing Brang Kidul Wajak sisih kulon.

-------------------------------------------------

3.  Adegan Dagelan
KENTONGAN BIASA
Misi / inti dari dagelan tentang : bumi Lawadan yang gemah ripah loh jinawi tototentrem titi raharjo.
(Lalu datang Prabu Dandang Gendis beserta istri dan prajurit)
Dagelan : Panjenengan menika sinten ?
Raja         : Aku Dandang Gendis.
Dagelan  : Nyuwun pangapunten, mboten mangertos. Panjenengan gadahi kersa menapa dumugi ing bumi Lawadan ?
Raja         : Aku derekna ketemu sesembahanmu Nyi Lawadan.
Dagelan  : Mangga sinuwun, kula derekaken.
(Lalu dagelan mengantar sang Prabu menemui Nyi Lawadan).

 ------------------------------------------------- 

4.  Adegan Langen
Nyi Lawadan : Duh Gusti, kok kados ngaten ? (Melihat ke atas lalu ke bawah)
                    Metune tatanan anyar ratu Brang Wetan sisih tengene gunung Kawi akah lelakon kang dadi korbane keris Empu Grandring…
                    Sing sepisan, Empu Gandring mati dipateni Ken Arok.
                   Kaping pindo, Saka genene napsune Ken Arok pengin dadi Ratu, mula sing akuwu Tunggul Ametung uga dipateni ya gene keris Empu Gandring banjur putri Ken Dedes, bojone Tunggul Ametung kang duwe Drajat Ardameswari dipek bojo karo Ken Arok. Kamangka Drajat Ardameswari kuwi sapa wae sing bisa ngepek bojo bakal dadi ratu sing kondang lan kratone ing tembe mburine dadi gedhe.

(Sak wise Ken Arok dikandani karo para Brahmana yen sang Wisnu wis manunggal dadi siji karo Ken Arok, iki malah dadi sumber lakon kang gede, uga  cumondok ing kraton Kediri kawulane percaya Prabu Dandang Gendis titisan Wisnu sejati, kamangka ora ana Wisnu loro cacahe).
                   Duh gusti, menapa nggih bakal wonten perang ageng …?
              Eyang canggah Wajak, eyang buyut Mburet, lan simbah Kemak wis paring piwulang kang luhur. Gonjang-ganjinge tatanan anyar bisa rampung kanthi ora karsa, rasa, guyub-rukun nrima ing pandumg lakuning jagad ora rebut bener sapa ing dianut Wisnu kang sejati.
 
Putri         : Aku bakal semedi. Njumbuhake lelaku lair lan sucining batin, sujud semedi manunggaling kawula kalawan gusti.
Raja         : (Mlongo dan jatuh terduduk)
Putri         : Njenengan niki sapa ta..?
                    (Diberdirikan lalu Prabu kaget)
Raja         : Aku ki ratu Kediri Prabu Dandang Gendis.
Putri         : Lha…. Lek tenan ta…. Sampeyan gliak-gliak sempoyongan dewe.
Raja         : Aku mlayu merga dibujung prajurit bran Wetan.
Putri         : Jalarene menapa ?
Raja         : Perang rerebut sejatine Wisnu
Putri         : Lha, sing sejatine Wisnu kang sejati sapa ta…?
Raja         : Ya, aku iki Wisnu kang sejati.
Putri      : Lho yen titisane Wisnu kang sejati teng napa kok mlayu pados pitulungan ing bumi Lawadan?

Raja         : Who wong ayu, aku tulungana.
Putri         : (Mlengos) Titising Wisnu kok njaluk ulung.
Raja         : Ya wis, lek pancen ra gelam tetulung ora po po, aku tak nerusake laku mbok piye dadine.
Putri         : Sik…sik.. ta… ngono wae kok mutung.
Raja         : Gelem po ra nulung aku…?
Putri         : yen aku menehi pitulungan Wisnu trus piye dumadine jagad iki ratune…? Seje yen aku menehi pitulungan karo Dandang Gendis, iku nyatu wis kewajiban lan gegayuhanku.
Raja         : Aku iki ya Prabu Dandang Gendis, ya titising Wisnu kang sejati.
Putri         : Sing nyuwun pitulungan iku sejatine sapa ? Dandang Gendis ratu Kediri apa Wisnu..?
                    Yen aku menehi pitulungan karo Prabu Dandang Gendis ya Wisnu kang sejati jagad iki bakal menehi paukuman kang gede marang praja sak kawulamu. Awit bisaku mung nulung Dandang Gendis kang bagus. Mula ratune ayo pada lelaku nong ning nung njumbuhke laku cipta karsa lan rasa bali marang sejatining urip, nrima ing pandum.

TEMBANG (Dandang Gendis musno)
Sang putri kembali ke posisi semedi
Kentongan Ampak-ampak / Sontakan

 -------------------------------------------------

5.  Adegan Perang Gagasan
N. Bwd     : Aku oleh pituduh yen bakal enek tamu, teka ing papan kene.
                    Lha, kae sapa…?
(Datang sang Prabu bersama Prameswari)
Raja         : Aku sak kawulaku nyuwun pitulungan.
Putri         : Nyuwun pitulungan ?
                    Panjenengan prabu Dandang Gendis ratu ing Kediri ?
Raja         : Kasinggihan Putri !! Ingsung Prabu Dandang Gendis !
Putri         : Panjenengan keplayu kabujung prajurit saka brang wetan.
Raja         : (Kaget) Sang putri !!! Panjenengan ngertos lampah kula wiwitan sahingga pungkasan.
Putri         : Sang Prabu,,…… Panjenengan ora mung kalah perang, ning ana kang wigati Panjenengan kudu bisa wicaksana lan ngayomi para kawula uga sinau marang panguripaning wong cilik. Wong ndeso… kaya aku iki… !
Prabu       : Lhoooh..! Panjenengan niku wong ndeso sing bakal paring pitulungan ….!! (Prabu mau sungkem tapi dilarang oleh putri)
                    Yoooo…yooo….yoooo (tekaning prajurit)

SANTAKAN KENTONGAN
Putri         : Sik…sik… neng ndeso aja ninggalake subosito.. sak karepmu dewe.
Senopati  : Lhooh.. kowe wong ndeso…. Kandamu purng trapsila.
Tameng Yudho : Kowe apa ngerti sapa sejatine aku?
Putri         : Kowe kuwi senopati Tameng Yudho soko brang Wetan utusane Ken Arok ?
Prajurit Brang Wetan : Wis..wis…ora usah kakehan rembug, dipateni wae.
Senopati  : Sik…sik… menenga disik. Rungokna tembunge wong desa kuwi.
Putri        : Nyatune benar, senopati… elinga ing bumi Lawadan kene, ora enek piwulangan ten pinaten, ora enek adu kasekten rebut deg.
Senopati  : Terusno kandamu wong ndeso…!!
Putri     : Tameng yudho.. !!! Tekomu ing kene mung adu kasekten ngrebut sejatining Wisnu… Dandang Gendis.. apa Ken Arok… ?
Senopati  Tameng Yudho : Bener…bener…. Wong ndeso kowe kok ngerti.
Putri         : Nyatune ngono, aku wong ndeso ngerti kewajiban njejegke benar, kang sejati… apa wis pas yen padha rabut Wisnu kang sejati kanthi peparangan gawe korban kang gedhe… cobo jawaben ?
Senopati  : Sang putri kula ingkang lepat, lajeng kula lan prajurit saka Brang Wetan kados pundi?
Putri         : Kula nyuwun dawuh dumateng panjenengan anggenipun rerebut Wisnu kang sejati menika, menapa kangge nggayuh pangayoman, kawilujengan, katentreman para kawula dasih… ?
              Menapa namung rebut deg ngukuhi Panjenengan mandireng dados ratu kang ancik-ancik bangkene kawula lan mboten nrima ing pandum pepestene gusti…?
Raja     : Duh…. Sang putri… cetho Panjenengan menika manungsa linuwih. Duh gusti… kula manungsa ingkang cubluk … !       
             Sang putri… Tekaku mrene antuk wangsit kudu ngerteni sasmitane lakon rama nitis lan makuta rama.
Putri         : Duh gusti jagad dewa Bathoro …!
                  Panjenenganipun gusti Prabu lan senopati, jan-jane Panjenengan sampun njumbuhaken laku lahir lan sucining batin.
                   Wangsitipun san prabu ngenani sasmitane lakon rama nitis makuta rama.
                   Cariosipun makaten…
             Nalika rama parasu ya rama bargowo titisanipun Wisnu kang sejati wus rampung nggone netepi jejibahan ana ing jagad perang tanding kalawan rama wijaya ora nganti nganakake pangorbanan.
             Rama Bargowo lila legawa masrahaken jejibahan marang rama wijaya panjenengan kundur ing wisnu loka. Makuta rama mangkene critane.
             Nalika prabu rama wijaya sampun bibar jejibahanipun ing madya pada kanthi iklhas lilo legawa maringaken jejibahanipun ratu dumateng raden Barata.
         Mboten namun menika, wisnu kang sejati wujud rama wijaya inggih paring wejangan hasta broto, inggih menika wolung tindak kautaman ing ngriki inggih mboten ngawontenaken paperangan ingkang ageng, ingkang nuwuhaken pangorbanan.
Raja         : Senopati tameng yudho, aku pasrah marang kowe, rangketen… sowano aku neng ngarepe Ken Arok.
Senopati  Tameng Yudho : Aduh sinuwun…. Prabu Dandang Gendis, malah kula panjenengan pidana kula nyuwun Pangapunten.
Putri         : Hee. Para prajurit, sak wise mireng dawuhe sinuwun prabu lan senopati Tameng Yudho apa arep mbok bacutake anggonmu peperangan ?
Prajurit     : Mboten,….. mboten…. Sang putri….
Prameswari : Duh sang putri.
       Saklimah ngendikanipun sang putri bebasan pindo tumetesing tirto wayu ing wanci enjang, saget damel lerenipun prajurit Kediri lan Singosari anggenipun peperangan.
           Sang putri, mangga caos pangandikan enggal wonten karampungan.
Putri         : Senopati…… balio neng Singosari, sesembahanmu Ken Arok, yen Prabu Dandang Gendis wis bisa nrima ing pandum pepestening gusti kabeh kuwi mung golek lestarine pangayoman marang kawilujengane para kawula, inggih menika kudu reksa-rineksa Dandang Gendis lan Ken Arok sami-sami memayu hayuning bebrayan, memayu hayuning bumi pertiwi, memayu hayuning praja.
Senopati  : Inggih sedaya aturaken sesembahan kula sinuwun prabu Ken Arok
(Senipati & Prajurit kembali pulang ke Brang Wetan)
Raja    : Nilakake gedening panarima dumateng sang putri ingkang agung pitulunganipun ngrampungaken peperangan menika. Ingsun bakal paring ganjaran pinangka tanda panuwunku marang sira Sang putri. Kula paringi bumi perdikan ing bumi Lawadan sak kukuban. Dening panjenengan sampun paring pitulungan kang agung, tanpa wonten paperangan, mila dados pangeling-eling yan ing tlatah kene ingsung paringin asma TULUNGAGUNG.
Putri       :  Matur nuwun sanget… mugi-mugi lelampahan menika saget dados pratanda lan pangeling-eling lampahipun kebudayan tanah jawi kang adi luhung. Mangga sami asesanti “Rahayu…rahayu…. MERDEKA

Comments




MUNGKIN INI YANG KAMU CARI :




    TERPOPULER :

    Contoh Surat Ijin atau Surat Pernyataan Kegiatan Pembelajaran Tatap Muka di Sekolah dari Orangtua Murid di Masa Pandemi

    Berikut ini adalah contoh Surat Ijin atau Surat Pernyataan untuk Mengikuti Kegiatan Pembelajaran Tatap Muka dari Orangtua/Wali Murid di masa pandemi Covid-19 . Surat ini sangat diperlukan sekolah untuk melengkapi berkas pengajuan ijin pembelajaran tatap muka di sekolah. 1.  SURAT IJIN ORANGTUA / WALI MURID Tampilan Format Teks : SURAT IZIN ORANGTUA / WALI MURID Yang bertanda tangan di bawah ini :           Nama              :  ..........................................            No. HP / WA    :  .........................................             Alamat             :  ..........................................   Orangtua / wali murid dari :           Nama siswa      :  .........................................              NIS                   :  .........................................           Kelas                :  .........................................   Dengan ini kami selaku orangtua / wali murid dari putra/putri tersebut diatas (mengijinkan/tidak mengijinkan)* untuk

    Surat Pernyataan Tanggung Jawab Mutlak (SPTJM) BPUM 2021 bagi UMKM (Disertai File PDF)

    Surat Pernyataan Tanggung Jawab Mutlak (SPTJM) BPUM adalah surat pernyataan mutlak yang harus dibawa saaat pencairan dana Banpres 2021 bagi para pelaku UMKM yang sudah terdaftar dan resmi disetujui sebagai penerima bantuan. Bagi para pelaku UMKM yang telah terdaftar sebagai penerima BPUM 2021, anda berhak mendapatkan dana Banpres 2021. Anda akan mendapatkan konfirmasi resmi melalui SMS atau untuk memastikannya juga di cek melalui BRI eForm secara online melalui HP android atau komputer dengan memasukkan NIK.  Kemudian yang terpenting kamu sebagai UMKM wajib menyerahkan Surat Pernyataan Tanggung Jawab Mutlak BPUM yang digunakan untuk mencairkan dana atau mengambil dana Banpres di BRI atau di BNI. Surat ini harus dibawa.  Syarat yang harus dibawa menurut ketentuan dari Kemenkop UKM , untuk pencairan penerima BPUM 2021 membawa e-KTP asli dan akan diminta melengkapi SPTJM, Surat Kuasa & Pernyataan serta form pembukaan/perbaikan data rekening yang disediakan oleh kantor BRI. Pencairan

    Contoh Proposal Pengajuan Bantuan Sosial (Bansos) atau Sembako ke Bupati (Disertai File Doc)

    Kali ini saya buatkan contoh Proposal Pengajuan Bantuan Sosial (Bansos) atau Sembako ke Bupati atau ke Pemerintah Kabupaten , lengkap mulai dari sampul, surat pengajuan, dan lampiran tabel daftar nama-nama yang mengajukan bantuan sosial (Bansos) atau Sembako. Kamu tinggal mengisi bagian-bagian yang kosong dengan kalimat yang diinginkan. Disini juga disertakan file dalam bentuk doc atau Microsoft Word yang bisa kamu download secara gratis. File ada 2: file ke-1 untuk Sampul Proposal dan file ke-2 untuk Isi dari Proposal.  1.  Sampul Proposal BANTUAN SOSIAL (BANSOS) ATAU SEMBAKO KE PEMERINTAH KABUPATEN ............................. TAHUN 202... (LOGO atau GARIS TIGA) PAGUYUBAN ...........................  KAB. ............................. – PROV................. atau lihat gambar di bawah ini : 2.  Isi Proposal PAGUYUBAN ………………………………… KAB. ……………….. PROV. ……………… TAHUN …….. Sekretariat : Jalan ........................... RT.... RW.... Ds./Kel. ........................ Kec. ...........

    SITEMAP :

    Contact Form

    Name

    Email *

    Message *

    Copyright © 2021 | BlusukanSmart.Info | All Rights Reserved